22.3.16

Geguritan Tentang Sidoarjo

Geguritan adalah bentuk puisi yang berbahasa Jawa. dalam artikel kali ini Raja Jempol sedikit tulis geguritan yang bertemakan tentang kota Sidoarjo, Jawa Timur semoga bermanfaat, berikut ini adalah contoh geguritan tersebut :

Alun alun Sidoarjo

Nalika esuk embun nylimuti
Naliku subuh adzan suarane cedak
Nalika srengenge wiwit katon, akeh wong mlayu cucuran kringet
Wektu wiwit katon, langkung ing nyambut gawe

Nalika sore nganti wengi
Lampu pedagang nggawe urip
Bocah cilik podo dolanan kanthi seneng
Para muda-mudi mlaku-mlaku
Ngrasakake ayune wengi

Alon-alon Sidoarjo
Kang tansah rame saka esuk nganti wengi
Pusate hiburan warga Sidoarjo
Kanggo ngilangake kesel mergawe sedina muput

Alon-alon Sidoarjo
Paru-parune kuta Sidoarjo


Sidoarjoku

Tebu lan urang lambange
Tebu gambarake pertanian kang subur
Urang gambarake peternakan kan makmur
Amarga sidoarjo akeh kaline

Delta iku julukane
Kali-kali akeh jumlahe
Gemah ripah loh jinawi
Tata tentrem rakyate

Yen musim kemarau ora kekeringan
Yen musim udan ora kebanjiran
Sidoarjo sugih kali
Sidoarjo tanahe subur


Katresnan Sidoarjo

Sidoarjo ......
Puluhan kali onok ing sekitarmu..
Bandara intenasional onok ing sekitarmu
Tanah subur ing panggonmu

Sidoarjo....
Ora ketinggalan jaman
Pembangunan wes podo roto
Sidoarjo...
Aku kesengsem tenan karo kowe

Sidoarjo...
Ora krungu kabar kena musibah gede
Sidoarjo...
Lumpur lapindo kue akibat ulahe manungsa

Sidoarjo...
Sugih tambang gas
Kang manfaate gede kanggo warga
Sidoarjo aku katresnan ora bakal pindah nang liya

0 comments:

Posting Komentar

Sara Jorok Spam ma'af , Saya Hapus