7.9.17

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa

Pelajaran bahasa jawa memangn salah satu matapelajaran yang dianggap sulit karena mulai ditinggalkan, teks deskripsi berbahasa jawa adalah salah satu hal tersebut, untuk itu berikut ini saya sajikan contoh teks deskripsi berbahasa jawa tentang tempat tujuan wisata :

Taman Nasional Bromo Tengger Semeru

Taman Nasional Brama Tengger Semèru mapan ing Jawa Wétan, Indonésia, ing sisih wétané Malang lan ing sisih pojok wétané Surabaya. Taman nasional iki dadi papan konservasi ing Indonésia kang ana pasir laute. Laut Pasir Tengger, iku kaldera saka Gunung Tengger kang duwé pucuk kang cacahé papat. Papan iki ambané 5.250 hèktar ing papan kang dhuwuré kurang luwih 2.100 m saiyane iku uga gunung kang paling dhuwur ing tlatah Jawa, Gunung Semèru (3.676 m), tlaga 4 lan kali 50. Taman Nasional Brama Tengger Semèru didaekake taman nasional wiwit taun 1982

Taman Nasional Brama Tengger Semèru duwé wujud ékosistem sub-montana, montana lan sub-alphin kanthi wit-witan kang gedhé lan umuré wis nganti atusan taun, kaya ta cemara gunung, jamuju, edelweis, lan warna-warna anggrek lan suket kang langka.

Satwa langka lan kang dijaga kang ana ing taman nasional iki kaya ta luwak (Pardofelis marmorata), rusa (Cervus timorensis), kethèk buntut dawa (Macaca fascicularis), kidang (Muntiacus muntjak), pitik alas abang (Gallus gallus), macan tutul (Panthera pardus), ajag (Cuon alpinus); lan werna-werna manuk, kaya ta manuk alap-alap (Accipiter virgatus), rangkong (Buceros rhinoceros silvestris), garudha ula bido (Spilornis cheela bido), srigunting ireng (Dicrurus macrocercus), garudha bondhol (Haliastur indus), lan belibis kang urip ing Ranu Pani, Ranu Regulo, lan Ranu Kumbala.


Tlaga Toba

Tlaga Toba ya iku tlaga (basa Indonésia: tlaga) vulkanik sing ukuran dawané 100 kilomèter lan ambané 30 kilomèter sing ana ing Provinsi Sumatra Lor, Indonésia.Tlaga iki kalebu tlaga sing gedhé dhéwé ing Indonésia lan Asia Kidul-wétan. Ana ing tengahé tlaga iki ana pulo vulkanik sing jenengé Pulo Samosir.

Kira-kira Tlaga Toba wiwit ana nalika ana jeblugan watara 73.000-75.000 taun kapungkur lan kalebu jeblugan supervolcano (gunung geni super) sing paling anyar.[3] Bill Rose lan Craig Chesner saka Michigan Technological University ngira-ngira bahan-bahan vulkanik sing diwutahake gunung iku jumlahe 2.800 km³, ya iku 800 km³ batuan ignimbrit lan 2.000 km³ awu vulkanik sing diperkirakake diterak angin ing arah kulon suwéné 2 minggu. Awu vulkanik sing diterak angin wis nyebar ing saparo bumi, saka Cina nganti ing Afrika Kidul. Kadadeyan iki kadadéan nganti 1 minggu lan awune nganti 10 km ing dhuwur parmukaan segara.

Kedadeyan iki agawe akèh wong-wong padha mati lan uga akèh kéwan-kéwan lan tanduran sing padha mati. Miturut bukti DNA, mbledose iku ndadèkaké jumlah wong nganti sekitar 60% saka jumlah populasi wong-wong kang ana ing donya, ya iku kurang luwih 60 yuta manungsa. Sawisé iku dadi ana kaldera sing diisi banyu lan saiki misuwur dadi Tlaga Toba. Tekanan menyang dhuwur déning magma sing durung metu ndadèkaké muncul Pulo Samosir


Pasisir Kuta

Pasisir Kuta ya iku panggonan pariwisata kang ana ing sisih kidul Denpasar, kutha krajan Bali, Indonésia. Kuta ana ing Kabupatèn Badung.Pasisir Kuta iki kalebu wisata kang biyasa ditekani para turis mancanagara, lan wis dadi objèk wisata kang dadi andelan ing Pulo Bali wiwit taun 70-an.Pasisir Kuta uga disebut 'pasisir srengéngé angslup' (sunset beach) lawané saka Pasisir Sanur. Pasisir iki pasiré werna putih kang nganti tekan laladan papan anggegana Bali, Ngurah Rai, lan laladan wisata Seminyak utawa Kerobokan.

Ana ing Pasisir Kuta akèh tinemu toko-toko, rèstoran lan kanggo padusan sarta kanggo dhédhé.Saliyané pasisirné kang apik, ing Pasisir Kuta uga akèh warna-warna kanggo hiburan, tuladhané ana bar lan rèstoran utawa warung mangan kang ana ing pinggir-pinggir pasisir mara ing Pasisir Legian.Rosovivo, Ocean Beach Club, Kamasutra, ya iku club kang paling rame ing Pasisir Kuta.

Pasisir Kuta uga duwé ombak kang apik kanggo ulah raga selancar (surfing), mliginé kanggo peselancar kang lagi ajar.Saliyané iku panggonan wisata Pasisir Kuta uga cedhak saka papan anggegana Ngurah Rai saéngga nggampangaké para wisatawn kang arep mara ing Pasisir Kuta



Pasisir Lovina

Pasisir Lovina minangka salah sijine papan wisata kang dumunung ing désa Kalibukbuk, kabupatèn Buleleng Bali Lor.

Pasisir Lovina iku seje karo Pasisir Kuta utawa Pasisir Sanur kang trep kanggo dede. Ing kéné ora bisa kanggo dede jalaran akèh prau kang jejer ing pinggir pasisir. Prau-prau iku dikanggokake kanggo ndheleng atraksi lumba-lumba nalika ésuk-ésuk.

Atraksi ngoyak lumba-lumba iki diwiwiti ésuk umun-umun nalika jam 5.00 jalaran mamalia iku bakal ngatonake awake ing antarané jam 6.00 tekan jam 8.00 ésuk. Ing jam-jam iku, puluhan lumba-lumba bakal atraksi kanthi alami, ana kang mung nglangi,nanging na uga kang mlumpat-mlumpat. Saliyané ndheleng atraksi lumba-lumba, para wisatawan uga bisa nyelem utawa snorkeling kanggo weruh kaendahaning taman laut Lovina.


Taman Nasional Gunung Halimun Salak

Taman Nasional Gunung Halimun Salak iku papan konservasi kang ambané 400km2 ana ing Indonésia Jawa Kulon ing pulo Jawa. Taman iki dideke ing taun 1992, taman iki kadadéan saka Gunung Salak lan Gunung Halimun. Papan iki cedhak karo Gunung Gedhé Pangrango kang uga dikelnal Taman Nasional, papan iki uga ccedhak karo kutha Bogor lan Kebon Raya Bogor.

Gunung iki dhuwure 1.929 mèter lan uga asring diselimuti kabut. Gunung Salak iku papan kang dadi panggon penampungan banyu udan.

Papan iki dadi panggon uripé Gibbon (Hylobates moloch) - sub-spésies saka Gibbon semu perak. Gunung Halimun iku papan paling aman kanggo spésies iki. Nanging ana batese ing papan kang dhuwure1.200 mèter ora tinemu kéwan lutung Jawa (Trachypithecus auratus), saliyané iku uga ana kéwan endemik liyané, kurang liya 145 spésies manuk kang jarang ketok ing Jawa


Kebon Raja Bandung

Kebon Raja Bandung manggèn wonten Jalan Tamansari Kutha Bandung.Kebon ratu punika dados panggénan ingkang dipunremeni para warga kutha Bandung nalika nembé liburan ing akir minggu utawi liburan sekolah saha cuti sesarengan.Para warga ingkang liburan wonten ing Kebon Binatang Bandung punika asalipun saking kutha Bandung saha kutha-kutha sanès ing sakupengipun kutha Bandung
Kutha punika kados ta kutha Cianjur, Sumedang, Priangan saha laladan-laladan sanèsipun.Para warga punika rata-rata piknik wonten Kebon Raja Bandung kanthi rombongan saha wonten ingkang ngginakaken kendaraan pribadi.Para pengunjung sangsaya kathah nalika dinten liburan ingkang dangu menapa déné liburan dinten ing dinten-dinten kecepit
Manawi badhé mlebet Kebon Binatang Bandung punika kedah tumbas tikèt ingkang reginipun 12.000 rupiyah saben tiyang. Para pengunjung punika liburan kaliyan kulawarga sinambi ngematna para satwa ing kebon binatang. Wonten Kebon Binatang Bandung dumunung kathah satwa, cacahipun kirang langkung 220-an jinis satwa. Kéwan ingkang dados faforit kados ta onta, gajah saha macan. Kebon Binatang Bandung dipunyasa nalika taun 1933. Kebon binatang Bandung punika asil penggabungan 2 kebon binatang inggih punika saking Cimindi saha Dago ndhuwur.
Kebon binatang punika dipunrancang kaliyan Dr. W. Treffers. Kebon binatang punika misuwur kanthi nama Derenten utawi wonten basa Sunda dierentuin ingkang tegesipun kebon binatang.Kebon binatang punika dipunyasa kaliyan Bandung Zoological Park (BZP) ingkang nalika semanten dipunpelopori kaliyan Direktur Bank Dennis ingkang anami Hoogland. Pengesahanipun dipunbiyantu kaliyan Gubernur Jéndral Indhiya Nèderlan lajeng dipuncathet dados kaputusan 12 April 1933 No 32.


Kebon Raja Ragunan

Kebon Raja Ragunan sajeroning (basa Indonésia:Kebun Binantang Ragunan) punika salah setunggaling kebon raja ingkang panggènipun wonten ing dhaérah Ragunan, Pasar Minggu, Jakarta Kidul, Indonésia. Kebon raja Ragunan punika wiyaripun kirang langkung 140 hektar. Kebon binatang Ragunan punika dipundamel nalika taun 1864. Wonten ing kebon raja punika kathah koleksi kéwan-kéwan. Kéwan-kéwan punika kados ta unggas (manuk pelikan, merak, garudha, saha sanès-sanèsipun), primata (kethèk, bekantan, saha sanès-sanèsipun), jinis-jinis ula, beruang madu, gajah, rusa, unta, jaran nil, banteng, lawa. Kejawi punika ugi wonten macan, macan putih, singa, baya, bruwang. Kejawi kathah koleksi kéwan-kéwan wonten kebon raja Ragunaan punika ugi wonten panggènan kanggé dolanan laré-laré. Saben taun, cacahipun pengunjung sangsaya mindhak. Nalika taun 2003, cacahipun tiyang ingkang rekréasi wonten ing kebon raja punika 3.121.677 tiyang. Nalika liburan sasi Juli taun 2004, sajeroning satunggal wulan cacahé wong kang rekreasi ngantis 334.782 tiyang.Wiwitanipun, kebon raja punika manggèn wonten ing areal ingkang wiyaripun 10 Ha kagunganipun salah setunggaling pelukis pribumi ingkang misuwur kanthi asma Raden Saleh. Panggènipun wonten ing punjering kitha Jakarta inggih punika wonten pusat kesenian jakarta Taman Ismail Marzuki Cikini.Taun 1864 Kebun Binatang punika dipunkelola kaliyan perhimpunan Penyayang Flora saha Fauna ing Jakarta ( Culturule Vereniging Planten en Direntuin at Batavia ). Sasampunipun revolusi taun 1949 dipun-gantos dados Kebon Raja Cikini.Pamaréntah DKI Jakarta banjur mindhah wonten ing areal ingkang langkung wiyar inggih punika wonten ing Ragunan Jakarta Selatan. Kebon raja punika banjur dipunwastani Taman Margasatwa Jakarta saha langkung misuwur kanthi nama Kebun Binatang Ragunan


Kebon Raja Surabaya

Kebon Raja Surabaya utawi ingkang biyasa dipunwastani Kebon Binatang Surabaya (KBS) punika satunggiling kebon raja ingkang manggèn wonten ing Surabaya sisih Kidul. Kebon Raja punika kalebet salah satunggaling kebon raja ingkang misuwur ing Indonésia. Kebon Raja punika manggèn wonten ing Jalan Setail No. 1 Surabaya. KBS gadhah kathah kéwan tropis. Kejawi punika ugi wonten Akuarium, karantina toxidemi saha ruang nokturama (kéwan saba ndalu). Kebon Raja Surabaya punika kebon Raja ingkang paling wiyar ing Asia Kidul-wétan. Wonten ing kebon raja punika dumunung kirang langkung 300 spésies satwa ingkang bènten-bènten, saha wonten kéwan ingkang cacahipun kirang langkung 4300. Ing kebon raja punika ugi wonten satwa langka Indonésia utawi satwa langka ing donya kados ta jinis Mamalia, Aves, Reptilia, Pisces.

Kebon Raja Surabaya punika kalebet panggènan wisata ingkang ngremenaken amargi panggènanipun ingkang wonten ing satengahing kitha Surabaya. Kebon Raja Surabaya miturut SK Gubernur Jéndral Walanda tanggal 31 Agustus 1916 No. 40, dipunwastani kanthi nama “Soerabaiasche Planten-en Dierentuin” (Kebun Botani lan Kéwan Surabaya). Kebon punika kawujud amargi jasanipun salah setunggaling jurnalis ingkang namanipun H.F.K. Kommer ingkang gadhah hobi ngoleksi kéwan. Nalika taun 1916 panggénan Kebon Binatang Surabaya ingkang sepisanan wonten ing Kaliondo. Salajengipun nalika tanggal 28 September 1917 pindhah wonten ing jalan Groedo. Nalika taun 1920 pindhah ing laladan Darmo kanggé areal kebon binatang ingkang énggal kanthi jasa OOST-JAVA STOOMTRAM MAATSCHAPPIJ utawi Maskapé Kereta Api ingkang ngusahaaken panggènan ingkang wiyaripun 30.500 m2.

0 comments:

Posting Komentar

Sara Jorok Spam ma'af , Saya Hapus