16.1.18

Drama Bahasa Jawa : Keong Emas

Berikuh ini adalah naskah drama berbahasa Jawa 11 Pelaku dengan tema Cerita Nusantara yang berjudul Keong Emas dalam bahasa daerah jawatimuran.

Babak 1
Ing keraton Daha ana raja kang duweni asma Raja Daha lan duwe anak 2 kang ayu rupane, putri Candrakirana lan Putri Galuh Ajeng. Putri Candrakirana yaiku putri kang ramah lan ayu. Dheweke arep dinikahno karo pangeran saka keraton Kahuripan kang asma Raden Inu Kertapati.

Raja Daha : Anakku, mreneo !
Candra Kirana : Wonten menapa romo ?
Galuh : Menapa rama inggih nimbali kula ?
Raja Daha : Iyo anakku, ana seng arep tak sampekno marang kowe kabeh. Sesuk raden Inu Kertapati saka keraton Kahuripan arep teko mrene.
Galuh : Lajeng wonten menopo romo ?
Wonten hubunganipun menopo kaleh kulo lan mbakyu, Romo ?
Raja Daha : Romo wes nggawe perjanjian karo romone, yen romo arep nikahno salah sijine saka anakku karo Raden Inu Kertapati.
Galuh : Sinten engkang badhe dipun nikahken kaleh Raden Inu, Romo ?
Raja Daha : Aku lan romone Raden Inu wes sepakat yen Raden Inu Kertapati arep dinikahno karo Candra Kirana.
Candra Kirana : Matur suwun sanget romo, kulo bungah banget, nggeh niki seng kulo impi-impi aken wiwit tasik alit.
Raja Daha : Temen ta iku ? yen ngunu pancen ora salah milih awakmu kanggo calon bojone Raden Inu. Ayo nggek ndang disipano kanggo nyambut tekane Raden Inu
Candra Kirana lan romone ninggalno ruangan karo perasaan bungah. Ananging Galuh Ajeng nduweni roso liyo, yaiku mangkel lan kuciwo.

Galuh : Aku ora setuju karo pernikahan iki. Opo’o koq Candra Kirana sing dipilih, koq duduk aku ? padahal aku jelas luwih ayu. Iki ora adil, saiki opo seng mesti tak lakoni ?
Aha...............

Babak 2
Galuh Ajeng kang duweni niat ala marang Candra Kirana cepet-cepet budal nang alas.
Galuh : Kula nuwun, nopo wonten tiang teng mriki ?
Penyihir : Oh nggeh, monggo mlebet cah ayu, mreneo
Galuh : Nggeh
Penyihir : Awakmu pingin aku nglakoni opo ?
Galuh : Kula pingin pernikahan Candra Kirana kaleh Raden Inu Kertapati diwurungaken.
Penyihir : Oh yo ! aku ngerti maksudmu. Terus kowe pingin Candra Kirana tak apakno ?
Galuh : Sedanten kula serahaken sampean, seng jelas kula pingin Candra Kirana susah.
Penyihir : Yo wes, aku bakal ngutuk Candra Kirana, sehinggo deweke ora iso nikah ambek Raden Inu.
Galuh : Matur suwun nggeh, niki dene mengko yen kutukane pon hasil kulo tambahi seng katah.
Penyihir : Mesti wae, wes saiki aku tak nyepakno kutukan kanggo deweke. Ha...ha...haa...

Babak 3
Sawise njaluk tulung nang penyihir. Galuh Ajeng mulih menyang keraton, kepingin ketemu romone.
Galuh : Romo..........romo....romo wonten pundi ?
Wonten ingkang badhe kula aturaken.
Raja Daha : Ono opo ankku ?
Galuh : Niki masalah Candra Kirana romo....
Raja Daha : Ono opo ambek Candra Kirana ?
Galuh : Niki kula nemokaken layang kang ditulis kaleh Candra teng kamare kangge pengawal.
Raja Daha : Opo ? !!! dasar bocah nakal, wes arep dinikahno koq malah pcaran karo pengawal, kurang ajar iku !!!
Dewi Sekar : Sabar...sabar...romo........
Raja Daha : Kirana...............kirana..............
Candra Kirana : Wonten menopo romo ?
Raja Daha : Iki wocoen !!!
Koq wanine awakmu.
Candra Kirana : Niki fitnah romo. Kula mboten nate nglampahi niki, saestu romo.
( sujud nang sikile romone )
Raja Daha : Cukup, Kira. Metu awakmu saka kene..metu karo pengawal kurang ajar iku !!!
Candra Kirana : Namung romo (mohon-mohon)
Raja Daha : Metu..........!!!


Babak 4
Candra Kirana atine sedih banget lan deweke terus lungo ninggalno keraton. Deweke lungo menyang pantai, lan ndok pantai ketemu penyihir.
Penyihir : Hahaha.......hee Candra Kirana yo opo kabarmu nak ?.....
Ketoke awakmu sedih banget..ha...ha..ha....
Candra Kirana : Sinten sampean ?
Nopo’o wajah sampean koq olo sanget ?...
Penyihir : Menengo !!!
Aku mrene kanggo ngutuk awakmu. Dulur macem opo dulurmu iku kok kepingin aku ngutuk awakmu. Awakmu eroh ta deweke ora setuju ambek pernikahanmu..? ha....ha...ha.....
Candra Kirana : Opo ? Galuh ajeng arep ngutuk aku !
Penyihir : Yo iyo dasar wong wadon bodo, rasakno iki !!!! ha..ha...ha...
Candra Kirana : Aaaaaa....................................!!!!!!
Penyihir : Ha...ha...ha......
Awakmu dadi menungsa yen awan, nanging yen bengi mbalek dadi keong maneh. Kutukan iki bakal ilang yen awakmu ketemu Raden Inu lan deweke gelemnyium kowe rupo keong..ha....ha...ha...


Babak 5
Candra kirana wes dikutuk dadi keong mas lan gemletak nang pantai desa Dadapan. Salah sawijine dino ono wong wadon kang lagi golek iwak ing pantai. Deweke nemokno keong mas iku, terus digowo moleh
Mbok Rondo : Oh.....keong kang apik aku arep nggowo keong iki moleh.
Sak tekane ing Omah, mbok rondo nyimpen keong mas ing wadah banjur deweke ngaso, lungguh ing kursi lan keturon.

Keong/Candra : Lho lalopo aku kok iso enek kene ? Oh iyo mau lak enek mbah sing nggowo aku. Saknoe rek mbah iki durung mangan.
Ujug-ujug keong mas berubah dadi menungsa maneh. Candra kirana masak nang pawon kanggo mbok rondo. Panganan ditoto rapi nang nduwur mejo. Ujug-ujug mbok rondo tangi lan kaget ana putri.
Mbok Rondo : Ha...sopo awakmu ? (Kaget )
Candra Kirana : Kulo Candra Kirana
Mbok Rondo : Opo ? Candra Kirana ? sing temen ?
Candra Kirana : Inggih, kulo Candra Kirana Putri Raja Daha.
Mbok Rondo : Yen ngunu lha opo wakmu kok iso ono kene ?
Candra Kirana : Panjejengan sing mbeto kulo mriki, kulo niki keong sing jenengan tumokaken kolo wau...
Mbok Rondo : Opo ? keong ? lho kok iso kowe dadi keong ?
Candra Kirana Kula dikutuk penyihir mbah. Dikengken dulur kula (anangis )
Mbok Rondo : Sakno temen awakmu ndok. Dolor macem opo iku kok tego. Yo wes sementara wakmu manggon kene
Candra Kirana : Matur suwun mbah


Babak 6
Sementara iku ing keraton Kahuripan, Raden Inu Kertapati krungu kabar soal Candra Kirana deweke nyuwun restu romone lan ibune kanggo ndoleki Candra Kirana
Raden Inu : Romo kulo nyuwun restu badhe madosi Candra Kirana
Raja Kahuripan : Yo anakku budalo mugo-mugo Candra Kirana ndang moleh..
Raden Inu : Inggih romo...
(salam nang romo lan ibune )
Sawise iku Raden Inu ninggalake keraton Kahuripan deweke ngunem ing jero ati
Raden Inu : Ora mungkin Candra Kirana nglakoni kabeh iki, deweke mesti ono seng mitnah. Aku kudunggolek weruh sopo wong iku.


Babak 7
Raden Inu budal menyang keraton Daha karo salah siji pengawale nanging thuthuk panggone lan arep marani raja, deweke dicegat Galuh ajeng.
Galuh : Raden wonten menopo mriki ?
Raden Inu : Aku arep marani raja
Galuh : Aku ngerti..raden arep takok Candra Kirana
Raden Inu : Minggiro

Galuh : Candra kirana wes adoh. Ora mungkin mbalek, aku wis ngongkon tukang sihir supaya nguthuk Cndra Kirana lan aku seneng karo awakmu raden....aku yo nggae crito yen Cndra kirana lan pengawal ana hubungan asmara..
Raden Inu : Opo ? awakmu sing nglakoni iku kabeh. Tegone awakmu karo deweke...
Galuh : Yo..iku kabeh mergo aku tresno awakmu....
Raden Inu : Saiki neng ndi Candra Kirana ?
Galuh : Deweke wes adoh..ora bakal ketemu ......
Karo aku wae


Babak 8
Raden Inu ngaleh ninggalno kraton Daha. Sawise iku Raden Inu ngemboro ngoleki Candra Kirana. Sampek deweke mlebu nang salah sawijine deso yaiku deso Dadapan. Deweke ngaso sediluk lan ketemu mbok Rondo.
Mbok Rondo : Raden Inu la nopo panjenengan ana kene ?
Raden Inu : Kula badhe madosi putri Candra Kirana mbok..deweke ilang pirang-pirang dinten. Kulo pingin ketemu.
Mbok Rondo : Nyuwun sewu raden, kulo ngertos Candra Kirana dateng pundi ngesakke, nasipe ala...
Raden Inu : Hah.....dtaeng pundi mbok ?
Mbok Rondo : Ayo melu aku
Mbok Rondo mulih nang omah sareng-sareng raden Inu Kertapati lan pengawale.
Mbok Rondo : Raden.....iki lho Candra Kirana ...
(nunjuk Keong)
Raden Inu : Haah !! iki Candra ? saestu ?????
Mbok Rondo : Inggih, Candra Kirana dikutuk tukang sihir kongkonane Galuh
Raden Inu : Oh...candra ola opo kowe dadi ngene iki...(nangis lan nyium keong)
Ndilalah keong mas brubah awujud putri kang ayu rupane yaiku Candra Kirana sawise dicium Raden Inu Kertapati. Akhire wong 2 iku mbalek nang kraton Daha uga mbok Rondo, inu Kertapati lan Candra kirana urip bahagia sak lawase......

1 komentar:

Sara Jorok Spam ma'af , Saya Hapus