29.11.16

Cerita Cekak Bahasa Jawa

Kesemsem Rupane Lali Atine
 “Engkok mari jam kuliah ayo nang perpustakaan.” Omongane Dila ngageti aku lan mbuyarake lamunanku.
“Ha.. apa apa?Awakmu mau ngomong apa?”
“Oo ancene dijak ngomong malah ngelamun, engkok bubar kuliah ayo nang perpus.”
“Mesti nang perpus hmm awakmuseneng ambek mas-mas anyar sing njogo perpus kuwi ya...? Jarene seh ganteng.”
“Hush.. lek ngomong ojok ngawur jelas ae igaklah wong kenal ae yo igak.”
“Hahaha”
Ngguyuku nutup omonganku mbek sahabat apikku Dila Sari sing akrab tak celuk Dila. Aku ndue hobi sing pada karo dheweke yaiku pada-pada seneng maca, maca novel maksud e duduk maca pelajaran. Dila senengane novel horor biasalah dheweke ancen kaya arek lanang, kendel, ayu lan senengane panganan pedes.
“Ayo Ra! Suene seh.” Jare Dila teko njobo jeding karo ubrak-ubrak aku nggupuhi.
“Iya sek talah dilut.”
“Wes gak sabar maca novel anyar aku iki jarene uapik novele e.”
“Mbadek novel horor hmm.” Jareku ambek metu teko jeding.
“Iyolah wes ayo cepetan Ra.”
Pas wis tutuk perpus Dila ndolek buku sing judule psikopat dheweke ndolek semangat banget nanging ora ketemu-ketemu. Terus moro-moro ana arek lanang sing kira-kira 4-5tahunan ndukurku sing nawari ngewangi ndolek buku. Tak delok Dila raine abang meneng wae ora bisa lapo-lapo.
“Mbak ndolek buku napa? Bekne kula saget mbantu.” Jare arek lanang kuwi mbek mesem enak dideleng.
Tak delok Dila jek meneng ae. Paling dheweke terpesona karo arek lanang kuwi sing jareku ancen ganteng seh.
“Mbak? Hallo mbake? jare arek lanang iku maneh ambek ndadah-ndadahno tangane nang mripat e Dila sing ora ketip blas.
“Oh iku anu mas kate ndolek buku ganteng.”
“Ha? Buku ganteng? Karangane sapa mbak? Emang ana ta?”
“Eh... eh... ora mas maksude mas e ganteng, aaaaah ora ora mas spurane salah ngomong. Iku kate ndolek buku psikopat.”
“Oh psikopat mau nang rak iki mbak, tapi kok ganok ya? Sek tak dolekno mbak.”
Arek lanang kuwi mlaku ngadoh teko Dila. Dila langsung ambekan gedhe tapi raine sek abang haha lucu ndelok Dila kaya ngene. Kaet iki aku ero dhewekeseneng karo arek lanang. Sak durunge iku dheweke biasa wae lek ketemu arek lanang bah iku ganteng bah iku keren pokoke Dila cuek yen masalah cah lanang.
“Bukune sing iki ta mbak?” jare cah lanang kuwi mbek nduduhake buku psikopat jalukane Dila
“Wah iya mas, suwun ya mas.” Jawabe Dila mbek rai sumringah.
Iya mbak.”
Wajah e sumringah banget kaya kaya wong sing paling bahagia sak ndunya. Terus dheweke marani aku sing apen-apen maca novel, padahal ket mau ndelok dheweke karo arek lanang kuwi.
“Eh Ra awakmu ero arek lanang sing ngewangi aku ndolek buku iki mau ta? Lek menurutmu yok opo Ra?”
“Apane sing yok opo?”
“Yo areke, ganteng gak Ra?”
“Mmm.. ganteng kok, awakmu seneng ya...?”
“Gak ero Ra, rasane mau pas arek e nang cedhakku rasane aku kaya melayang .”
“Wok ala lebay.”
“Hahaha”
“Sssst aja rame iki perpus La.” Jareku mbek terus maca novel.
Isuke nang kampus.
“Hey Ra, wis sarapan ta? Ayo sarapan tak traktir.” Dila nyapa aku karo ngguya-ngguyu kaya e jek kepikiran cah lanang wingi.
“Lek kate nraktir mbok ya ngomong ket wingi hmm aku wes sarapan La.”
“Alhamdulillah gak sido nraktir hahaha.”
“Ooo ancene awakmu gak niat nraktir La.” Jawabku mbek njiwit pipine sing rada tembem kuwi.
Bosen rasane bendina ketemu Dila terus. Tapi seneng yoan Dila areke apikan, aku wis ngganggep dheweke kaya dulurku dewe. Ancen aku karo Dila wis kenal ket jaman SMA sing sak kelas ditambah maneh iki sak Kuliahan sak jurusan pisan, tambah kenal raket kaya seduluran kandung. Nang endi-endi mesti ambek Dila, apa maneh ibuku masrahake aku nang Dila hmm ancen seh Dila luwih kendel teko aku hehe.
“Ra ayo nang perpus.” Ajak dila sak marine jam kuliah bubrah.
“Eala nang perpus maneh, bukuku durung entek sing wingi mosok nang perpus maneh?”
“Yeee kan bisa diwaca nang kono Ra, mosok nang perpus pas nyilih buku tok? Ayolah Ra aku kangen karo mas-mas wingi.” Dila ngerayu aku sampek melas banget raine.
“Hmm yowes yowes tapi engko traktir kebab lo?”
“Oo sahabat macem opo kowe Ra hahaha gak tulus.”
“Ayolah kebab ya ya ya?” giliranku ngerayu.
“Iyawes.”
Pas wis nang perpus Dila clingak-clinguk apen apen ndolek buku maneh padahal aslie yo ambek ndolek mas e sing wingi. Ancen arek iki sangar kok.
“Eh mbak iki wingi.” Akhire sing dikarepno Dila teka gawe kaos oblong biru dongker karo clana cekak lepis sing nggarai ketok santai.
“Eh mas iki wingi.” Jare Dila karo mesem diayu- ayuno.
“Ndolek buku apa maneh mbak? Kok cepet e bukune entek? Eh kenalan mbak aku Yoga.”
“Iya mas wis entek iki bingung kate ndolek buku apa maneh. Aku Dila” jawabe karo salaman.
Sak marine iku Dila karo Yoga kenal cedhak. Yoga yo wis kenal aku gara-gara dicritani karo Dila. Ketok e Dila seneng karo Yoga, tapi lek menurutku Yoga jek biasa ae karo Dila. Saiki aku jarang dolan karo Dila, Dila yo wis jarang crita nang aku tentang Yoga. Dheweke sibuk karo kuliah e lan sibuk dolan karo Yoga. Aku wis bisa maklum pancen ngunu paling, sak raket-raket e kekancan yen wis kena cah lanang bakal kalah karo iku. Aku ngerasa dinaku sepi ora ana sing ngreceki, ora ana sing ngguyoni padahal biasae dinaku gak ngarah gak ana Dila. Tapi saiki dheweke jarang ketemu aku, sampe aku kangen.
“Hei Ra.” Suara iki gak asing teka kupingku aku ero iki pasti Dila.
“Eh Dila, nang endi ae rek gak tau ketok, padahal biasae gandheng terus karo aku.”
“Iya Ra spurane aku saiki jarang karo awakmu.”
“Ngerti kok kan wis karo Yoga hehe.” Jawabku karo rada kecewa.
“Aja ngunu ta Ra... aku wis jadian karo Yoga ayo saiki tak traktir, spurane saiki aku jarang karo awakmu.”
“Wah selamat yo... temenan ditraktir iki?”
“Iyolah awakmu lak sahabatku seh.”
Akhire rasa kangenku ilang. Aku karo Dila mangan-mangan nang warung e mbak Eem ambek omong-omongan ngalor ngidul. Crita Yoga pas nembak. Jare Dila, Yoga nembak e romantis banget yaiku ngekeki novel horor sing judule mirror sing oleh tanda tangan pengarange lan nisore ana tulisane yen Yoga seneng karo Dila lan kepingin Dila dadi pacare. Akhire wong loro kuwi jadian. Tibane bener jareku Dila jarang karo aku gara-gara Yoga wis dadi pacare. Paling wis lali karo aku. Aku ngerasa cemburu Dila wis juarang nemui aku. Mek iki mau tok gawe nraktir ngeryakno yen wis pacaran karo Yoga.
“Ra mulih yuk! Wes sore.”
“Iya ayo” jawabku karo ringkes-ringkes tas.
“Tapi aku disusul Yoga Ra, awakmu mulih dewe gak apa-apa kan?”
“Oala iya, balik sek yo La suwun traktirane.”
Aku mulih dewe numpak bis gawe tutuk kos-kosan sing adohe kira-kira 4km teko nggonku kuliah. Ing perjalanan aku ngerasa kecewa banget karo Dila. Ternyata ancen sahabat sak raket-rakete yen salah siji wis due pacar pasti bakal kaya ngene. Akungerasa dilalino karo Dila. Tapi gak apa-apa aku ngerti yen mene ana butuhe pasti mbalik nang aku.
Suwe saka kejadian iku aku malah blas gak ketemu Dila. Sampek kate UAS sampek preian sampek aku balik nang Jawa Timur nang omahku aku gak ketemu Dila blas padahal aku kate pamit yen arep mulih sambang ibu lan bapak ing Jawa Timur. Akhire aku balik, tanpa Dila ero yen aku ngentekno liburan nang tanah Jatim padahal rencanae biyen aku karo Dila kate liburan bareng, mulih balik nang Jatim bareng tapi aku wis ndoleki Dila mesti ora pethuk sampek aku pegel putus asa aku mbalik dewe nang Jatim. Rada suwe ing omah moro-moro Dila ana ing mbale omahku.
“Lo Dila kok tutuk kene?”
Dila nggak njawab tapi langsung ngerangkul aku. Pas iku aku ngerasa mangkelku nang Dila ilang ganti rasa sakno marang dheweke.
“Ana apa La?” takonku penasaran. Tapi dila malah nangis lan ngerangkul aku balik.
“Ojok ninggalno aku Ra, aku emo kelangan sahabat kaya awakmu. Sepurane telung wulan wingi aku gak nemoni awakmu aku salah Ra sepurane sing akeh.” Jawabe Dila karo seseguk nangis tambah banter.
“Hey aku gak ninggalno awakmu La. Aku nang kene aku bakal mesti ana kanggo awakmu. Awakmu ana apa? Ana masalah apa?.”
Suwe suwe Dila gelem cerita yen dhewek e putus karo Yoga gara-gara ternyata Yoga iku playboy pacare sak ambrek nang endi-endi ana. Pancen Yoga ganteng tapi sifate sing ala. Dila ngerasa digawe dulinan dimanfaatake sampe sepeda motore Dila didol karo Yoga sing jarene kate gawe dp omah anyar gawe masa depan e Dila, padahal gawe nukokno pacare sing liyane kosmetik sing larang. Dila kecewa banget karo Yoga. Aku mung iso nuturi sing sabar wae wis kabeh digawe pelajaran aja dibaleni maneh. Mene mben yen kate pacaran didelok dhisik diselidiki arek kuwi sifat e apik tenan ta gak, aja kayak ngene maneh, gopoh kesemsem gantenge ternyata sifate ala. Percuma ganteng lek sifate kaya ngunu ya sapa gelem. Dila ngerangkul aku raket banget kaya kaya gak gelem kelangan aku. Jarene dheweke ngerasa salah amarga ngelalekno aku pas dheweke seneng pacaran karo Yoga. Dila njauk sepura balak-balik sing tak deleng tulus banget ucapane. Banjur aku nyepurani lan nerima Dila dadi sahabatku maneh sak marine aku jengkel banget karo dheweke.
Sak mari iku Dila yo mulih nang omahe ibu lan bapake sing pada nang Jawa timur mung beda kecamatan wae karo omahku. Terus mutusake yen bakal liburan karo aku nang Bromo Tengger Semeru. Akhire aku liburan karo Dila tok wong loro nang Bromo seneng banget rasane persahabatnku karo Dila bisa apik maneh.

Sak mari iku Dila yo mulih nang omahe ibu lan bapake sing pada nang Jawa timur mung beda kecamatan wae karo omahku. Terus mutusake yen bakal liburan karo aku nang Bromo Tengger Semeru. Akhire aku liburan karo Dila tok wong loro nang Bromo seneng banget rasane persahabatanku karo Dila bisa apik maneh.

0 comments:

Posting Komentar

Sara Jorok Spam ma'af , Saya Hapus