28.7.13

Drama Sekolah Berbahasa Jawa

Naskah drama berbahasa Jawa yang Raja Jempol persembahkan bagi adik-adik pelajar untuk dijadikan bahan contoh mata pelajaran bahasa daerah khusunya bahasa Jawa. Berikut ini adalah naskahnya dalam bahasa Jawa-Jawa timuran.

DEWI KELINGKING LAN DEWI MANIS
Raja Jempol Blog

Prolog : Ing jaman kala semono ana ratu asma Dewi Roro Kemangi kagungan putri asmanipun Dewi Manis. Dewi Manis arep didaupno pangeran sing asmane Raden Mas Jempol calon pewaris kraton Raja Jempol.Sejatine Dewi Manis duwe sedulur asmanipun Dewi Kelingking sing ilang naliko bayi.

Dewi Roro Kemangi : “ Dewi Manis, sliramu 3 dino arep didaupake karo Raden Mas Jempol.”
Dewi Manis : “ Inggih bu, menapa Raden sampun mangestoni ??”
Dewi Roro Kemangi : “ Ya mesti mangestoni ta nduk !”
Dewi Manis : “ Nuwun inggih kanjeng ibu !”
Dewi Roro Kemangi : “ Kukuti…..??? Kukuti….???”
Kukuti : “ Nuwun inggih kanjeng ratu, wonten dhawuh menapa?”
Dewi Roro Kemangi : “ Saiki nggawea undangan uga warak-warakno menyang rakyat lan kerajaan-kerajaan liya ! amarga Dewi Manis arep daup karo Raden Mas Jempol.”
Kukuti : “ abdi dalem kok mboten mangertosi ?”
Dewi Roro Kemangi : “ La mangkono sliramu tak jarwani supoyo sliramu mangerteni. Yo wes aku tak tindhak menyang ndalem !”
Kukuti : “ Yen ngunu aku kudu nyiasati nyekap Dewi Manis. Aku ora setuju yen Dewi Manis nerusi tahta kraton !”
Kukuti : “ Kemiren…?? Kemiren..??..Kemiren warak-warakno ing warga lan kerajaan sabtu mbesuk Dewi Manis lan Raden Mas Jempol arep didaupake.”
Kemiren : “ Nuwun inggih Kukuti.”
Kukuti : “ Ya wes, nek wes rampung aku kandanono
( setibane Kemiren ing desa…….)
Kemiren : “ Woro-woro…..!! woro-woro …!!! Dina sabtu Dewi Manis lan Raden Mas Jempol arep didaupake. Sebab iku warga kerajaan diaturi rawuh menyang istana
kraton!”
( suasana ing istana…..)
Kukuti : “ Kanjeng ratu Dewi Roro Kemangi woro-woronipun sampun abdi dalem aturaken”.
Dewi Roro Kemangi : “ Ya wes, matur suwun. Ooo ya Kukuti, sliramu nitip gaun iki menyang Dewi Manis.”
Kukuti : “ Nuwun inggih kanjeng ratu !”.
( mlaku menyang kamarDewi Manis )
Kukuti : “Dewi Manis…?? Dewi Manis.?? Kula abdi dalem
Kukuti !”
Dewi Manis : “ O ya melbuo !.”
Kukuti : “ Kanjeng Ratu Roro Kemangi ngaturi dalem maringaken gaun dateng panjenengan !”
Dewi Manis : “ Tulung…..tulung….”
Kukuti : “ Aku ora lenggana yen sliramu nerusi tahta kraton. Aku bakal nyulik sliramu !”
( Dewi Manis diculik dideleh ing alas sing paling terpencil tanpa ana wong sing ngeruhi )
Kemiren : “ Kurang ajar ! Kukuti jahat, aku kudu ndolek’i Dewi Manis nanging ana ngendi ?”
( Banjur ana woro-woro ilange Dewi Manis ing sakabehing desa-desa, banjur menuk nggolek’i Dewi Manis ing desa-desa. Dumadak’an Kemiren kepethuk sawijining gadis )”
Dewi Kelingking : “ Eh……..sepurane !! “
Kemiren : “ Lhoo….??? Dewi Manis ??
Dewi Kelingking : “ Dewi Manis…?? Mboten kula niki Dewi Kelingking !”
Kemiren : “ Ha.??Panjenengan meniko kok dados Dewi Manispanjenengan menapa purun dateng menyang istana ?? kangge penggantinipun Dewi Manis !”
Dewi Kelingking : “ Pados pundi ? “
Kemiren : “ Sumonggo panjenengan purun dateng istana daup’ipun Dewi Manis badhe ditunda yen mboten wonten Dewi Manis !”
Dewi Kelingking : “ Sumonggo !! “
( Wonten istana, Kanjeng Ratu Roro Dewi Kemangi nunggu Dewi Manis, arep didaup’akekaro Raden Mas Jempol )
Dewi Roro Kemangi : “ Ning endi Dewi Manis ?”
( Dewi Kelingking melbu ing kraton )
Dewi Kelingking : “ Ibu “
( Ndelikno kacamatane Dewi Roro Kemangi )
Dewi Roro Kemangi : “ Ana ngendi kacamataku ? yo awes ora opo-opo ! “
( Kanjeng Roro Kemangi nyungkem Dewi Manis ! )
Kukuti : “ Nuwun sewu, panjenenganipun sanes Dewi Manis.”
Raden Mas Jempol : “ Kepriye kowe kok weruh ?yen iki dudu Dewi Manis?”
Kukutiti : “ Panjenengan asta kiwonipun.”
( Kanjeng Dewi Roro Kemangi , mirsani dening Dewi Manis )
( sedaya kaget )
Kukuti : “ Dewek’e penipu gowoen dewek’e menyang penjara !”
Dewi roro Kemangi : “ Aku ora mangerteni apa sing sebenere kadadeyan. Kukuti lan Jempol ayo melu aku !”
( kari Dewi Kelingking lan Kemiren )
Dewi Kelingking : “ Iki sateruse kepriye ? “
Kemiren : “ Ya sepurane, aku ora nyangka bakal kaya ngene, nanging aku lali ngomongno ?”
Dewi Kelingking : “ Ngomong opo, saiki ngomongo !”
Kemiren : “ sabenere sing nyulik Dewi Manis iku Kukuti !”
Dewi Kelingking : “ Lapo kowe ora ngomong ket kawitan ?”
Kemiren : “ Mbuh aku bingung, saiki aku arep nggolek’i Dewi Manis”
Dewi Kelingking : “ Oleh aku melu ?? “
Kemiren : “ Yo mesti wae ! “
( Ing sajrone ala Dewi Kelingking lan Kemiren kepethuk sawijining gubhuk lan krungu suarane njaluk tulung )
Kemiren : “ Iku koyo-koyo suarane Dewi Manis, ayo !”
( Kemiren melbu menyang gubhuk )
Kemiren : “ Kanjeng Dewi Manis menapa pajenengan wonten ing mriki ?”
Dewi Manis : “ Aku diculik karo Kukuti.”
Kemiren : “ Nanging wonten njawi sampun sumebyar berita menawi panjenengan kabur wonten dinten daup panjenengan.”
Dewi Manis : “ Aku sebenere ora kepingin didaupno karo Raden Mas Jempol amarga aku nrisnani koncoku lan saiki dheweke ana ing ngarepku !”
Kemiren : “ Kanjeng Dewi nanging abdi dalem namung pengawal !”
Dewi Manis : “ Aku ngerti Kemiren, saiki ayo bebarengan bali menyang istana. Aku khawatir menyang kanjeng ibu.”
( Tumeka ing istana, Dewi Kemangi disergap dining Kukuti )
Dewi roro Kemangi : “ Cul na aku, yen ngunu kowe jahat !”
Kukuti : “ Amarga aku pengen ngrebut sakabehing ana kraton “
Kemiren : “ Nuwun sewu kanjeng ratu, Kukuti ingkang nyulik Dewi Manis”
( Kukuti kagon, terus kabur )
Raden Mas Jempol : “Hai Kukuti awakmu kudu melok aku menyang penjara“
Dewi Roro Kemangi : “ Mawar sliramu ora apa-apa ?”
Dewi Manis : “ Kula mboten rabida menapa-menapa kanjeng ibu !
saleresipun kula trisna dateng Kemiren sanes Raden Mas Jempol”
Dewi Roro Kemangi : “ Yo wes, nduk aku luwih seneng yen sliramu bahagia tanpa dipeksa”
( Ngerasa tugas’e wis rampung, Dewi Kelingking arep metu saka istana )
Raden Mas Jempol : “ He Kelingking, entenono aku !”
Dewi Kelingking : “ Wonten menopo kanjeng pangeran ?”
Raden Mas Jempol : “ Wes ojo lunga, aku Lop You karo kowe”
Dewi Kelingking : “ Abdi dalem namung kula tiyang bi…..??”
Raden Mas Jempol : “ Apa kowe gelem daup karo sliraku ?? “
Dewi Kelingking : “ Inggih “
( Banjur Dewi Manis lan Kemiren daup Raden Mas Jempol ya daup
karo Dewi Kelingking. “Kabeh urip bahagia onok ing Istana Raja
Jempol !” )

0 comments:

Posting Komentar

Sara Jorok Spam ma'af , Saya Hapus